Selasa, 24 April 2018

Kartikaning tyas (geguritan)

suryaning netramu...
anggambuh suryane lintang,
kapang ngambara ing awang-awang,
lelangenan kalawan mega kartika
sajroning asrining alam wengi.

sliramu lintang atiku
mencorong sajroning sepining wengi
lilanana aku tansah haniti tingal..
supaya bisa hanggambuh cahyamu
kang agawe reseping ati.

duh yayi... sliramu sigaraning jiwa
katresnan nyawiji salaminya
sajroning rasaku...
sliramu kang aji
tumandhesing jiwa
suksmamu kang nyawiji ing ati

oh sang kartikaning tyas...
tetepa ngantariksa...
nganti puputing wengi tumekaning surya


Translate dari syair bintang hatiku oleh akun ajibudihartop6bvge  brianly.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar