Sabtu, 28 April 2018

Nawangan pupusing tresno

Mung tansah kelingan
Nalikane jejer sesandingan
Ing sanduwure waduk nawangan
Katresnanku pupus kari kenangan

Ngajab sumilire angin sore
Ngronce impen ngawe-awe
Sanadyan crita lawas wus soyo lungse
Perih ora ono pedhote

Nawangan pupusing tresno
Mbiyen sliramu nate kondo
Yen tresnamu mung sawiji
Kanggo aku tekane pati

Nangeng. . .
Jebul e kabeh mau mung pocapan
Tanpo ono kasunyatan
Kowe lungo ninggal loro
Kang tumoto ono jroning dodo


Oleh Nova Setiawan A.K.A Opank GVJ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar