Sinawang pasuryanmu ing netraku
Tak akoni kowe pancen ayu tenan
Rumangsaku koyo ratu kencono wunggu
Kudu kepiye lehku iso nyanding sliramu
Apa sing dipengine saliyane pengin cepet ketemu kalawan sliramu
Koyo ra rilo yen kowe keno gudo priyo liyo
Bakal kuciwo gur marake gelo
Gedene roso pangroso tan biso kabendung koyo tekone ombak segoro
Sumpah setyo tuwuh seko telenging dodo nora mung waton suwolo
Koyo kasetyane lintang rembulan ngancani lakune wengi
Tresno ku marang sliramu
Nyoto dudu tresno reko-reko
Tuwuh seko jerone dodo
Tak suwun bukaken ati mu
Oleh Nova Setiawan A.K.A Opank GVJ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar