Kamis, 12 April 2018

Tulusing tresnamu

Suci ing katresnamu
Agawe adhem ing atiku
Prasaja endah tumeko ing jiwa
Rasa iki nora bakal sirna

Cah ayu kusumaning ati
Sing tak puja rino lan wengi
Clorot cahyamu iso gawe teluking batara surya
Sing ra bakal sirna kalawan wektu

Amargo tresna seko sliramu
Sing njalari bungah ing atiku
Mili nora ana pungkasane
Semono uga rasa tresnaku marang sliramu

Amung sliramu tansah andhum rahayu
Kanthi tulusing tresnamu marang awakku
Kang gede gawe rumaket talining asmara
Pengen selawase sesandingan karo sliramu


Oleh Nova Setiawam A.K.A Opank GVJ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar