Jumat, 27 April 2018

Lintang atiku

Sorot netramu koyo sorote lintang
Sing kedap kedip sak jeroning wengi
Tak sawang gawe reseping ati
Mergo sliramu sing dadi lintang atiku

Cahyamu sing bakal nuntun marang aku
Kanggo dalan tresnaku marang sliramu
Amargo sliramu sigaraning jiwa
Sukmamu nyawiji sajeroning ati

Lintang atiku tetepa ngantariksa
Nganti puputing wengi tumekaning surya
Tetep tak sawang tekan sajeroning rasa
Supaya bisa hanggambuh cahyamu

Sliramu kang aji tumandhesing jiwa
Bebasan separo nyowo iki dadi duwekmu
Mugo katresnan iki bisa nyawiji selaminya
Koyo tresnane lintang lan rembulan


Oleh Nova Setiawan A.K.A Opank GVJ

Tidak ada komentar:

Posting Komentar