Nyawang endah ing netramu
Manjing lintang panjer wengi
Katon kemelip ing angkasa
Gawe pepadhang ing atiku
Aruming sekar mawar angganda
Angreridhu rasaning atiku
Sumeleh rasaku tumuju tresna kang sejati
Tumrap wanita gegantilaning ati
Rasa pangrasaku marang sliramu
Tan bisa uwah lan luntur
Manjing njero ati selawase
Tresna prasasti janji sabaya pati
Sliramu sing bakal reruntungan
Kaya lakune rama lan shinta
Sing bakal reroncen nyambung nyawiji
Tan bisa pedot seko taline asmara
Ciptaan oleh Nova Setiawan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar