Tekamu tansah diantu nuntun kabegjan
Marang sedaya kawula lan praja
Pancen sliramu satria pinilih
Kang kepareng kanugrahan ora dinuga
Wancine sliramu nindakake dharma bhakti
Kang dadi senopati pamungkas
Masang daya guna sandi
Mimpin para pandega maju ing palagan
Wancine sliramu netepi pepesthen
Sliramu kang dadi andheliraning prajurit
Mulat sarira hangrasa wani
Gowo jaya jaya wijayanthi ing palagan
Sliramu tansah hangrungkebi
Marang gumelaring kahanan
Kepareng wahyu kang utama
Sejatine amung seko kersane Gusti
Oleh Nova Setiawan A.K.A Opank GVJ
Tidak ada komentar:
Posting Komentar